Selasa, 19 Februari 2013

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa


4 SEKAWAN
Babak 1
            Dina iki, dina wiwitan mlebu sekolah. Fu’ul mlebu nang kelas X-A SMA Bhakti Luhur. Fu’ul sing ora duwe kanca, mlaku dewe menyang kantin.
Fu’ul    : “Sekolah iki gedhe banget, nanging aku durung duwe kanca.”
            Ing kantin, Fu’ul ndelok arek lanang 2 mangan bakso. Fu’ul sing ora duwe kanca, nyideki arek lanang 2 iku mau.
Fu’ul    : “E... e... Mas, apa aku oleh mangan karo sampean ?”
Henry  : “Ojok nyeluk mas! Awak dewe padha murid anyar.”
Rijal     : “Ora papa. Ayo mrene lungguh ing sebelahku.”
Fu’ul    : “Iya Mas.”
Henry  : “Aku wis ngomong, aja nyeluk mas. Kowe kelas apa ?”
Fu’ul    : “iya wis. Aku kelas X-A.”
Rijal     : “Loh, padha. Ayo kenalan dhisik. Aku Rijal.”
Henry  : “Aku Henry.”
Fu’ul    : “Aku Masfu’ul.”
            Sakwise kenalan, arek lanang 3 iku mau mangan bareng ing meja kantin sebelah wong dodol bakso.
Babak 2
            Bel mlebu sekolah muni, murid- murid padha mlebu kelas lan milih bangku. Rijal lan Henry lungguh bareng. Nanging Fu’ul lungguh dewe ing sebelah wetan e Rijal lan Henry.
Rijal     : “Hen, kowe muleh sekolah apa ana acara?”
Henry  : “Ora duwe. Geneya Jal?”
Rijal     : “Ayo mlaku- mlaku nang MOG, dak traktir.”
Henry  : “Ayo. Nanging ora enak yen mung arek 2. Ngejak Fu’ul ya?”
Rijal     : “Oke.”
              “Ul ayo mlaku- mlaku.”
            Fu’ul ngelamun lan ora noleh. Rijal langsung lungguh ing sebelahe Fu’ul.
Rijal     : “Ul... Ul...”
Fu’ul    : “O iya Jal. Sepurane ? ana apa ?”
Rijal     : “Kowe muleh sekolah apa ana acara?”
Fu’ul    : “Ora ana Jal.Ana apa sih ?” (ndelok bangku cidek lawang)
Rijal     : “Kowe ndelok apa Ul?” (ndelok arah sing dituju Fu’ul lan langsung mbisiki Henry)
Henry  : “Oalah.. kowe tresna ya karo arek iku?”
Fu’ul    : “Ora.. Ora..”
Henry  : “Gak papa Ul, mengko dak bantu.”
Rijal     : “wis, wis.. pokoke mengko muleh sekolah nang MOG.”
Fu’ul    : “Oke”
            Bel muleh sekolah muni, arek lanang 3 mau cepet-cepet metu sekolah lan nggolek land.
Babak 3
            Ing MOG, Fu’ul, Henry, lan Rijal mung mlaku- mlaku. Traktiran sing dijanjikno Rijal ora sido, amarga duwete Rijal ilang.
            Pas mlaku-mlaku, arek 3 iku mau ketemu Silvi, arek wadon ayu sing ditresnani Fu’ul.
Henry  : “Ul, iku loh..” (nggudo Fu’ul)
Fu’ul    : “Sapa?”
Henry  : “Arek sing mau ing kelas mbok wasi.”
Fu’ul    : “Ing endi ?”
Rijal     : “Iku loh..” (karo nuding)
Fu’ul    : “Oalah” (karo mesam- mesem)
Rijal     : “Dicedheki wis Ul, dijak kenalan.”
Fu’ul    : “Hah, kenalan? Isin aku.”
Henry  : “Yen kowe isin terus, kowe ora bisa cidek karo areke.”
Fu’ul    : “Ayo wis, nang kono.”
Rijal     : “Sek- sek.”
            Fu’ul sing penampilane ora ndukung, dipacaki karo Rijal.
Babak 4
            Ing ngarep toko, Fu’ul kenalan karo Silvi sing lagi lungguh-lungguh.
Fu’ul    : “E.. e.. Aku Fu’ul.”
Silvi     : “Hah.. apa hubungane karo aku?”
Fu’ul    : “Aku oleh kenalan gak karo kowe?”
Silvi     : “Oleh kok. Aku Silvi.”
Fu’ul    : “Iya, aku wis ngerti. Awak dewe sakkelas kok.”
Silvi     : “Iya tah? Aku ora tau ndelok kowe Ul.”
Fu’ul    : “Aku lungguh ing mburi dewe, Vi.”
Silvi     : “Oalah, rupane aku ora tau ndelok kowe Ul.”
              “Kancamu ora mbok kenalno nang aku ta?”
Fu’ul    : “O iya, kenalno dewe rek.”
Henry  : “Aku Henry, Sil.”
Rijal     : “Aku Rijal, kancane Fu’ul sing paling mboiz
Henry  : “Gayamu Jal, rai pas-pasan ae loh.” (Kabeh ngguyu)
Silvi     : “Ora papa kok, aku Silvi. Aku pingin dadi kancamu kabeh.”
Henry  : “Oke- oke.”
Babak 5
            Silvi dadi kancane Fu’ul, Henry, lan Rijal. Nanging Silvi dadi arek sing mecahake persahabatane Fu’ul, Henry, lan Rijal amarga Silvi ambek Fu’ul seneng dolan dewe. Fu’ul mengtingno Silvi tinimbang Henry lan Rijal.
Silvi     : “Ul, ayo saiki mlaku – mlaku menyang alun-alun Batu?”
Fu’ul    : ”Ayo ....”
Silvi     : “Kowe ora ngajak kanca- kancamu ta?”
Fu’ul    : “Ga usah wes, awak dewe budal wong loro bae.”
Silvi     : “Mengko kanca-kancamu ora ngamuk ta?”
Fu’ul    : “Ora bakal ngamuk arek loro kuwi”
            Rijal lan Henry marani Silvi lan Fu’ul sing lagi omong-omongan ing ngarep kelas.
Rijal     : “Ul ayo kerja kelompok ing omahe Henry?”
Fu’ul    : ”Lho, sepurane rek aku wis duwe janji.”
Henry  : “Kowe yok apa seh? Kowe iku mentingno dolane tinimbang kerja kelompok.” (Karo nekek Fu’ul)
Silvi     : “Wis, wis.. aja tukaran. Kuwi iku yok apa seh jal? Kancane padha tukaran kok malah enak-enakan              dolanan HP.”
Rijal     : “Wis Hen.., wis Hen..”
Fu’ul    : “Sepurane rek?”
Silvi     : “Sepurane rek, Fu’ul gak salah, aku sing ngajak Fu’ul dolanan”
Henry  : “Emboh wis. Kowe dolan o ae, aku dak kerja kelompok dewe karo Rijal.”
            (Rijal lan Henry langsung ninggalno Fu’ul lan Silvi)
Silvi     : “Sepurane ya Ul, aku gak bisa dadi kanca sing apik kanggo kowe. Aku malah mecahake                 persahabatanmu karo kanca-kancamu.”
            (Fu’ul mung meneng bae)
Silvi     : “Ayo wis Ul, awak dewe nyusul Henry lan Rijal supaya masalahe mari. Aku uga ngerasa salah                    marang arek-arek.”
Fu’ul    : “Ayo wis.”
Babak 6
            Ing omahe, Henry muring-muring amarga Fu’ul ora kaya kancane biyen.
Henry  : “Fu’ul saiki malah mentingno Silvi tinimbang awak dewe, Jal. Mulai saiki gak usah dolan maneh                karo Fu’ul.”
Rijal     : “Aja ngono Hen, Fu’ul kancane awak dewe wiwitan mlebu sekolah.”
Henry  : “Tapi areke wis ora peduli karo awak dewe Jal.”
Rijal     : “Ya wis Hen, Sabar bae.”
            Ora suwe omong-omongan, Silvi lan Fu’ul ana ing ngarep omah. Karo rewange Henry, Fu’ul lan Silvi dikongkon langsung mlebu. Nanging ing ruang tamu, ketemu bapake Henry.
Pak Hery         : “Loh, iki sapa ?”
Fu’ul                : “Kula rencang- rencangipun Henry, Pak.”
Pak Hery         : “Oalah, ana apa?”
Fu’ul                : “Kula badhe kepanggih Henry. Punapa Henry wonten?”
Pak Hery         : “Henry ana ing kamare. Langsung mlebu ae.”
Fu’ul                : “Inggih. Matur suwun, Pak ? kula mlebet rumiyen.”
Pak Hery         : “Iya, Le..”
            Ing kamare Henry.
Henry  : “Lapo kowe mrene?”
Rijal     : “Wis Hen, sabar.. sabar..”
Silvi     : “Aku lan Fu’ul arep njaluk sepuro Hen, amarga awak dewe salah.”
Fu’ul    : “Iya Hen, aku gak sadar yen suwene iki kowe kanca sing peduli karo aku. Nanging aku sing ora                 peduli karo kowe. Aku njaluk sepuro ya, Hen ?”
Rijal     : “Terima en sepurane wis Hen, supaya masalah e ndang mari.”
Henry  : “Oke, dak terima.” (karo mesem)
Fu’ul    : “Suwon ya Hen.” (njabat tangane lan ngrangkul Henry)
Rijal     : “Aku ora di jak ta?”
Henry  : “Ayo mrene.”
            Akhire Fu’ul, Henry lan Rijal dadi sahabat maneh. Lan sahabate ketambahan 1, yaiku Silvi. Persahabatane arek 4 iki langgeng sampek wis lulus SMA.

1 komentar:

Total Tayangan Halaman

Diberdayakan oleh Blogger.